SELAMAT DATANG SEMUANYA DI BLOG UNTUK SEMUA KALANGAN YANG MENYEDIAKAN BERITA TERBARU, DOWNLOAD SOFTWARE, FILM TERBARU, GOSIP ARTIS, BERITA PENDIDIKAN, DAN SEMUA MEDIA TERBARU

Putus Cinta | Cerita Lucu Humor khas Suroboyoan | Kumpulan Cerita Lucu Suroboyoan


Babadolot. Dulur tau ngerasakne jatuh cinta opo dhurung? wah jarene uwong jatuh cinta iku berjuta rasane, wes g iso di bayangne enak'e. Tapi dulur nek rasane putus cinta alias patah hati mbok-bok rasane iku loh wes g uenak pol. nek jarene Megi Z lebih baik sakit gigi dari pada sakit hati. podo ae podo g enak'e (soale aku yow tau ngerasakne sakit hati + sakit gigi)...
waduh kesuen yo dulur... Nah iki dulur enek cerita lucu tentang Patah hati, Begini Ceritanya

Tatang ambek Wiwik wis oleh nem wulan iki genda'an.
Ben malem minggu Tatang apel terus ngejak ngelencer, muesra pol pokok'e.
Lek goncengan tangane Wiwik nyabuk nang pinggange Tatang.
Malem minggu iki Tatang apel koyok biasane.
Tapi Tatang gak ngiro lek iki tibake apel sing terakhir, soale Wiwik njaluk putus.
(terjadilah sebuah percakapan)....
”Cak rasane aku wis gak cocok maneh ambek sampeyan . .” jare Wiwik.
"Opo'o dek kok moro-moro awakmu iki njaluk putus..." jawab'e Tatang

"Wis ta Cak, nek putus yow putus cak" jare Wiwik
Masio dirayu-rayu, Wiwik tetep ae njaluk putus, Tatang langsung lemes pamitan mulih.
Pas arep mulih, Tatang nyaut kaos putih sing semampir nang kursi.
”Yow wis nek putus, Kaosmu tak pek gawe kenang-kenangan” jare Tatang.
”Lho ojok cak, iku kaos kotor mari digawe . .” jare Wiwik.
Omongane Wiwik gak dirungokno, Tatang langsung nyengklak bronpit bablas mulih.
Mari putus, Tatang malih koyok wong liwung.
Mangan gak enak, turuopo maneh.
Masio kuecut pol, ambek Tatang kaose disimpen nang ngisore bantal.
Ben ndhino awane wengi Tatang mbrebes mili ambek ngambungi kaosembayangno masa-masa indah.
Sampek seminggu Tatang gak metu kamar blas, sampek ibuke kuatir.
Mari oleh seminggu moro-moro ibuke Tatang nggedor lawange Tatang,
jarene ono tilpun seko Wiwik.Tatang langsung deg-degan mlayu metu kamar nyaut telpune.
”Halo . .” jare Tatang ndredeg.
”Iki Cak Tatang tah ? . .” jare Wiwik.
”Iyo dik, aku wis ngiro lek akhire awakmu bakal nilpun aku, kuangenpol aku dik . . .” jare Tatang sik ndredeg.
”Iyo Cak, bapakku ben ndhino yo nakokno sampeyan terus ” jare Wiwik.
”Iyo tah, waduh aku gak ngiro lek bapakmu sampek sak mono ambekaku, opo jare bapakmu ? ” takok Tatang.
”Bapakku ngamuk-ngamuk njaluk kaose dibalekno . .”




Postingan Terkait



Tidak ada komentar:

Posting Komentar