Tampilkan postingan dengan label Cerita Lucu. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Cerita Lucu. Tampilkan semua postingan
Putus Cinta | Cerita Lucu Humor khas Suroboyoan | Kumpulan Cerita Lucu Suroboyoan

Babadolot. Dulur tau ngerasakne jatuh cinta opo dhurung? wah jarene uwong jatuh cinta iku berjuta rasane, wes g iso di bayangne enak'e. Tapi dulur nek rasane putus cinta alias patah hati mbok-bok rasane iku loh wes g uenak pol. nek jarene Megi Z lebih baik sakit gigi dari pada sakit hati. podo ae podo g enak'e (soale aku yow tau ngerasakne sakit hati + sakit gigi)...
waduh kesuen yo dulur... Nah iki dulur enek cerita lucu tentang Patah hati, Begini Ceritanya
Tatang ambek Wiwik wis oleh nem wulan iki genda'an.
Ben malem minggu Tatang apel terus ngejak ngelencer, muesra pol pokok'e.
Lek goncengan tangane Wiwik nyabuk nang pinggange Tatang.
Malem minggu iki Tatang apel koyok biasane.
Tapi Tatang gak ngiro lek iki tibake apel sing terakhir, soale Wiwik njaluk putus.
(terjadilah sebuah percakapan)....
”Cak rasane aku wis gak cocok maneh ambek sampeyan . .” jare Wiwik.
"Opo'o dek kok moro-moro awakmu iki njaluk putus..." jawab'e Tatang
"Wis ta Cak, nek putus yow putus cak" jare Wiwik
Masio dirayu-rayu, Wiwik tetep ae njaluk putus, Tatang langsung lemes pamitan mulih.
Pas arep mulih, Tatang nyaut kaos putih sing semampir nang kursi.
”Yow wis nek putus, Kaosmu tak pek gawe kenang-kenangan” jare Tatang.
”Lho ojok cak, iku kaos kotor mari digawe . .” jare Wiwik.
Omongane Wiwik gak dirungokno, Tatang langsung nyengklak bronpit bablas mulih.
Mari putus, Tatang malih koyok wong liwung.
Mangan gak enak, turuopo maneh.
Masio kuecut pol, ambek Tatang kaose disimpen nang ngisore bantal.
Ben ndhino awane wengi Tatang mbrebes mili ambek ngambungi kaosembayangno masa-masa indah.
Sampek seminggu Tatang gak metu kamar blas, sampek ibuke kuatir.
Mari oleh seminggu moro-moro ibuke Tatang nggedor lawange Tatang,
jarene ono tilpun seko Wiwik.Tatang langsung deg-degan mlayu metu kamar nyaut telpune.
”Halo . .” jare Tatang ndredeg.
”Iki Cak Tatang tah ? . .” jare Wiwik.
”Iyo dik, aku wis ngiro lek akhire awakmu bakal nilpun aku, kuangenpol aku dik . . .” jare Tatang sik ndredeg.
”Iyo Cak, bapakku ben ndhino yo nakokno sampeyan terus ” jare Wiwik.
”Iyo tah, waduh aku gak ngiro lek bapakmu sampek sak mono ambekaku, opo jare bapakmu ? ” takok Tatang.
”Bapakku ngamuk-ngamuk njaluk kaose dibalekno . .”
Diposting oleh
danoeck
On
Rabu, Oktober 27, 2010
Label:
Cerita Lucu
Malam Pertama | Cerita Lucu Humor Suroboyoan | Kumpulan Cerita Lucu Suroboyoan

Babadolot. Sudah lama gak posting rasanya kangen banget pengen nulis sesuatu di blog ku. nah tak pikir-pikir aku kok agak bingung mau nulis apaan di blog ku. akhirnya ya tak pilih aja nulis cerita lucu khas surobyoan. Nah crita lucu ini hanya fiktif belaka yang hanya untuk hiburan semata. Cerita lucu Khas Suroboyoan ini berawal dari aktivitasku yang suka nongkrong bersama teman-teman yang biasa suka ngebanyol. Lah sebenarnya aku ini buka asli surabaya, jika ada penulisan kata nggeh mohon di maklumi kulo niki cuma manusia biasa hehehehe
monggo dulur critone ngene loh dulur
Cak No sik tas rabi, lenger-lenger nang pos hansip koyok wong liwung.
Gak sui Cak So liwat.
”No, koen iku manten anyar gak tambah seger lha kok malah lungset nyaprut.
Opok'o kon iku No ?” takok Cak So.
”Iyo Cak, aku kepikiran bojoku.” jare Cak No.
”Opok'o bojomu iku, wong tak dhelok bojomu iku jek tahes ngono lho.” jareCak So.
”Ngene lho Cak. Aku iki biasa njajan. Lha pas mari main malam pertama wingi, aku ngetokno dhuwik seketan ewu. Pikirku, arek wedhok sing bodine koyok ngene paling banter taripe seket ewu. Aku luali pol lek tibak'e iku bojoku dhewe.” jare Cak No.
”Kon yo ngawur ae. Tapi wis gak usah dipikir nemen-nemen, palingbojomu tersinggung sedhiluk terus mari ngono yo kangen ambek penno maneh."
”Aku kepikiran gak perkoro wedhi bojoku tersinggung ” jare Cak No.
”Lha opo lho masalae ?” Cak So malih bingung.
”Mari tak ke’i seket ewu, ndhadhak aku disusuki selawe.”
Diposting oleh
danoeck
On
Label:
Cerita Lucu
Langganan:
Postingan (Atom)
MENU
- Cerita Lucu (2)
- Film Gaby dan Lagunya (1)
- IDM 5.18 Full Patch (1)
- Lagu Terbaru (8)
- PENDIDIKAN (3)
- Sahabat (2)
- Smadav 8.4 (1)
- SMS (3)
- software (3)
- Sport (2)
- TENTANG CINTA (4)
- TIPS TRIK (5)
- Tutorial Blog (5)
- VIDEO LUCU (3)
